” ANDE ANDE LUMUT”
Ande ande lumut inggih menika cerita rakyat ingkang asalipun
saking jawi. Cerita menika nyeritaaken satunggaling negeri ingkang gemah
ripah loh jinawi, toto tentrem kerto raharjo.
Panji Asmarabangun ingkang
gesangipun sarwa sekaca, dados putra mahkota, Ewa semanten pangeran
kagugan kersa bade lelana pados “ Pengalaman “ Kaliyan garwa ingkang sae
manahipun lan ayu.
Ananging
pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang kacekapan . pangeran
kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin madosi jati dirine ugi
penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan lelampahan gesangipun pangeran
ingkang manggihake sisihan gesangipun inggih punika lare wadon ingkang sae
manahipun lan ayu pasuryane.
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati
wono ingkang rimbun . ningali kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi
peksi ingkang saget dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau
sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati dirinipun
.
Sajeroning lelana pangeran nyamar dados Ande ande lumut,
putra mbok randha saking dusun Dadapan, Ande ande lumut ngiyaraken menawi
piyambaipun badhe pados garwa, saking baguse, ande ande lumut ndadosaken sedaya
kenya kesengsem, kalebet sederek sederekipun klenting kuning.
Wonten injang ingkang terang Mbok
rondo kleting nyawiji kalihan putri-putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting
sanget ayu pasuryane, piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi
salah sak tunggaling putri tirinipun ingkang nami kleting kuning. Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun ,
ananging benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget
dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya lan ugi
nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.
Wonten ing saktengahing margi pinuju
dhateng griyanipun ande ande lumut, Klenting kuning kaliyan sederek –
sederekipun inggih menika klenting abang kaliyan kelenting ijo kedah nyabrang
lepen ingkang ageng, Wekdal badhe nyebrang lepen, wonten ingkang jagi lepen,
awujud Yuyu ingkang ageng, ingkang nami Yuyu kangkang
Kleting
kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut damel wonten
lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos piyambake dipun damel mboten
sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming piyambake ugi Gusti Allah ingkang
ngertos sengkowo piyambake . piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi
ganjaran ingkang sae kangge piyambakipun.
Yuyu kangkang purun nyebrangaken,
nanging nyuwun upah, inggih punika dipun ambung, Amargi keseso kelenting
abang kaliyan kelenting ijo sami sarujuk lang-, Namung kelenting kuning
kemawon ingkang boten karsa dipun ambung
Wekdal yuyu kangkang badhe meksa
ngambung klenting kuning, Piyambakipun ngedalaken piyandelan awujud bintang
sakti, Toya lepen dados asat, Lajeng kelenting kuning saged nyeberang kanthi
sekecha.
Saksampunipun dumugi daleme mbok rondo
dhadapan, kelenting Abang lan kelenting Ijo matur menawi badhe ngelamar Ande –
ande lumut “ Bok kulo dumugi ngriki badhe nglamar andhe – andhe lumut” (
klanting abang )
Owh..arep nglamar Ande ande lumut? Mengko disik yo…????? Tak
takon andhe andhe lumut “ Putraku Si ande ande lumut… Temuruno ono putri kang
unggah unggahi…Putrine seng ayu rupane…Klenting abang engkang dadi asmane…Duh,
ibu…kula mboten purun…aduh ibu kulo mboten medun…najan ayu sisane yuyu
kangkang.
Mekaten ugi kaliyan klenting ijo, Ande
ande lumut mboten kersa nampi lamaran ipun , Namung klenting kuning ingkang
dipun remeni Ande ande lumut, amargi kelenting kuning ingkang mboten purun
diamb ung yuyu kangkang.
Sak lajengipun ande ande lumut nampi
kelenting kuning dados garwanipun, Sedaya inggih mboten mangertos menawi
sejatosipun klenting kuning menika putri sekartaji, putri raja Kediri Jaya
negara ingkag nyamar madosi pangeran Panji Asmara, calon garwanipun ingkang
ical.
sak sampunipun langsung dados penganten ingkang boten saged
dipisahaken, langsung nikah ngangge bhs jawa ingkang lugu.
Pungkasane
klenting kuning dados sisishanipun ande-ande lumut ,pasuryanipun ingkang awon
ugi mambet dumadakake dados putrid ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih
punika Putri Sekartaji . Lan ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi
kerajaan Ramanipun . pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar