
“Aku sedih banget Kancil. Aku iki beda karo pithik-pithik liyane. Wuluku kwalik kaya ngene, ora rapi kaya pithik liyane”
“Wis rapopo. Saukur wulu kok ndadak digawe mumet. Aku malah ora nduwe wulu!” jawabe Kancil
“Wooooo kowe salah pangiro kuwi! Kowe rasah lucu kanca-kancamu ya padha seneng cedhak karo kowe kok. Malah akeh sing seneng menawa kowe gelem ngrungokkake ceritane liyan. Salah menawa awakmu ngiro kudu lucu utawa ngomong sing menarik perhatian ben ditresnani liyan” celathune Kancil
“Hooh po? Aku rasah kudu pendhak ndino ndagel ben disenengi dening kanca-kancaku?”
“Laiyo rasah thumbs down! Mbak Dewi juraganmu iku malah sok makani aku, arepo dudu ingon-ingone tur ora lucu. Aku iki ora tau ndagel ya iso nduwe kanca akeh kok!. Sing penting kowe seneng tetulung marang kancamu lan gelem ngrungokke pendapate kancamu. Sing luwih utama ora pakewuh ngandani kancamu bab kebenaran lan tumindak sing keliru” nasehate Kancil
“Tak delok bener kandhamu Kancil. Kancamu iku akeh banget, luwih akeh tinimbang kancaku arepo kowe ora iso ndagel. Wah tiwas aku rumongso kudu nglucu wae pas lagi kumpul karo kanca-kancaku. Rumangsaku nek aku ora iso nggawe guyu bakalan ditinggal karo kanca-kancaku”
“Ora Walik!. Ora bakal ditinggal kanca sing apik-apik. Kowe saiki uripo sing habitual wae. Ngomong lucu ya rapopo, ning rasah digawe-gawe. Mesthi akeh wong liyo sing cocok karo kowe” ujare Kancil
“Yoh nek ngono aku tak rasah mekso awakku kudu lucu. Aku arep apa anane wae. Aku wis kesel banget ndadak nglucu saben ndino. Maturnuwun Kancil, kowe pancen kancaku sing barrier wicaksono” celathune Pithik Walik kanthi rupa sumringah.
Wiwit dino iku Pitik Walik wis ora meksa large awake nglucu terus pnedhak dino. Awale pitik-pitik liyane pada gumun kok saiki Pitik Walik perilakune bedha. Nanging suwe-suwe kancane malah tambah akeh amarga Pitik Walik seneng ngrungokke omongane pithik liyane.http://cerita.biz/cerita-cekak-bahasa-jawa-kancil-lan-pitik-walik-sing-rumongso-kudu-lucu/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar