Ing sawijining dina, Macan lan Singa
nubruk daging. Banjur padha rebutan lan kerah.
Sapa sing menang bakal entuk daging
iku, mengkono karepe Macan lan Singa.
Sasuwene kerah, Macan lan Singa ngetokake
getih sing akeh banget.
Merga kuwi, Singa lan Macan banjur
leren sawetara.
Saking kesele, Macan lan Singa padha
nglemprak turu.
Nalika padha turu, ana Manuk Gagak
teka. Ndeleng ana daging lan Macan sarta Singa.
Manuk Gagak enggal-enggal marani
daging, banjur digondhol lan digawa lunga.
Bareng Singa tangi, weruh daginge
ilang banjur gela.
Omonge kaya mangkene,”Dhuh Gusti,
saking ora geleme bebagen marang liya malah sida ora kebagean kabeh.
Mbok mau dibagi loro, adil, mesthi
ora ndadekake kerah.”
Kaya sing diomongake Singa iku mau,
menawa dheweke gelem mbagi daging sing dadi rerebutan mesthi bisa kebagean
kabeh. Wis kelangan daging, awake Singa ya tatu kabeh merga kerah karo Macan.
Rugine pindho amarga ora gelem bebagen. Mula, dadia bocamh sing seneng bebagen
ben kabeh seneng. Kancane awake dhewe seneng, awake dhewe ya seneng merga akeh
kanca.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar