Minggu, 11 Januari 2015

SESORAH HARI KEMERDEKAAN

MENGETI 17 AGUSTUS
Assalamu’alaikum w.w,

Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinurmatan, bapak ibu guru lan karyawan ingkang kinurmatan, sedoyo konco lan adik-adik ingkang kula tresnani.
Sumonggo sami-sami ngaturaken puji syukur ing ngarsanipun pangeran ingkang maha welas lan maha asih, ingkang sampun paring kenikmatan saha kasarasan dhumateng kula panjenengan sami saenggo wonten ing titi wanci punika kula panjenengan sami saged makempal wonten papan punika kanthi wilujeng kalis nir sambekala.
Kula aturaken agunging panuwun kagem sedoyo ingkang sampun kersa ngrawuhi acara dinten kamardikan punika.
Tahun saderengipun , tanggal 17 agustus 1945 Bangsa Indonesia dipun jajah dening Bangsa Walando lan bangsa jepang, nanging kanthi semangat para kusumaning bangsa ingkang ngurbanaken jiwo lan bandha saengga bangsa Indonesia saged ngumandangaken kamardikanipun.
Tanggal 17 agustus 1945 inggih punika tanggal merdikaning bangsa Indonesia. Pramila saben tanggal 17 agustus, bangsa Indonesia mangeti minangka dinten kamardikan.
Pengetan punika ugi kagge atur panuwun dhumateng para kusumaning bangsa awit saking pangurbanipun saengga ngantos wekdal punika kito saged ngraosaken mardika, tentrem lan rukun tanpo raos ajrih kejajah dening bangsa sanesipun.
Para rawuh sedaya ingkang kula urmati.
Sumangga sareng-sareng nyengkuyung program pemerintah kangge mbangun negari, supados dados negari ingkang makmur adil lan rukun.
Punika ingkag saged kula aturaken, kathah kalepatanipun atur saha kirang trapsila anggen kula matur, kula nyuwun agunging pangapunten.
Wassalamu’alaikum w.w.
.http://riffairifan.blogspot.com/2013/02/sesorah-mengeti-17-agustus.htmlhttp://riffairifan.blogspot.com/2013/02/sesorah-mengeti-17-agustus.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar