Sesorah Pasrah Calon Penganten Kakung
https://jendelailmubasajawi.wordpress.com/2013/12/12/tuladha-teks-sesorah-pasrah-calon-penganten-kakung/
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Dhumateng kaluwarga calon temanten putri ingkang dhahat kinurmatan, langkung rumiyin sesarengan kula dherekaken ngunjukaken syukur wonten ngarsanipun Gusti Allah swt ingkang Maha Asih awit peparingipun rahmat saha kasarasan ingkang kaparingaken dhumateng panjenengan sedaya lan kula.
Kawula bapak Budi minangka sesulih bapak Darma kepareng matur sepindah bapak Darma ngaturaken salam taklim, kaping kalihipun mbok bilih anggen kula sak rombongan sowan kirang subasita nyuwun agunging samudra pangaksami.
Kaping tiga: anyepuhi pangaraking badhe calon temanten kakung, kaparengan anglarapaken calon temanten kakung angger Radit Setya Aji putranipun bapak Darma ingkang punika, mengah hanjodhohaken badhe calon temanten kakung punika kaliyan calon temanten putri Rara Ajeng Hesti Rahayu putranipun bapak Joko Susilo, kula sumanggakaken. Kajawi punika salugu netepi tata caraning bebesanan kula ngaturaken paningset tumrap ingkang badhe nambut silaning akrami, jangkep dalah abon-abon tuwin rinangken pangiring sawatawis. Kenginga kangge paseksen antebing sedyanipun para besan, saha dadosa sarana ingkang handayani panuwun dhumateng Gusti Allah swt, manggiha lestari jodho sak lami-laminipun.
Cekap semanten atur kawula mbok bilih kathah klenta-klentunipun atur saha kirang mranani ing penggalih nyuwun agunging samudra pangaksami.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar