http://cerkak-jawa.com/?p=28ORA WELAS
Wis
kulina, wiwit ditinggal embokne dadi T.K.W ing negara Jiran, Warni
tangine kulina esuk jam papat. Masak kanggo simbok, bapak, lan adhine,
Warti sing isih klas lima S.D iku, rampung masak nggugah adhine, dikon
ngrewangi nyambut gawe (nyapu latar). Warti ya manut, awit mbakyune
pancen sing ngrembug sakabehe.
Sawise
padha adus lan sarapan bocah loro siap-siap arep sekolah. Warni ana
S.M.U. negeri klas telu, adohe saka ngomah udakara kilometer telu, dene
sekolahane Warti mung ana kidul desa. Budhale bareng digoncengke pit
mbakyune, dene mulihe mlaku karo kanca-kancane.Sardinah embokne, wis
telung taun melu ngumbara ning Malaysia bareng tangga-tanggane sing
sedesa kana ana wong papat.
Racake
padha potholan S.M.A lan S.P.G. kanthi ndaftarake resmi lewat
pemerintah. Asile kena dirasakake. Nyatane Warni dhek ditinggal lagi
S.M.P. bar ujian, Warti isih cilik lagi klas loro. Bocah loro iku asil
saka anggone bebrayan karo Karto, anake mbok Dipo sing mung tangga
cedhak. Istilahe pek ngga ngono kae.
Mbok Dipo lan mbokne Sardinah tetanggan
apik wis kaya sedulur.Yen ana kekurangan kabutuhaning urip sedina-dina,
lih sinilihan,utang-utangan, pokoke endi sing ana. Padha dene mung
anak-anak siji. Karto bocah ontang-anting, dene Sardinah ya ora duwe
tunggal. Wong tuwa mbiyen ngono lumrah, yen atine padha dene cocok, njur
padha ayon-ayonan njodhokke anake, ben terus olehe padha seduluran.
Sardinah senajan bocah wedok ijen, ning dening mbokne digegadhang
mbesuke bisa dadi wong sing mandhiri, mula sekolahe disurung-surung
tenan ben maju lan pinter. Gaweyan ngomah ya ditrapi apa lumrahe bocah
wadon.
Ya reresik, ya mangsak, ya dikongkon
nyumbang, rewang, layat. Wis pokoke Sardinah prigel ing samubarange, gek
sekolahe ya pinter. Eman, bapake wis ngajal dhek Sardinah umur 10 taun.
Bapake mbiyen nyambut gawe neng air minum, dadi mbokne ya nduwe pensiun
janda. Seje karo Karto, anak lanang siji, bapake banjar pekarangane
amba, sawahe akeh. Mula janji ngati-ngati olehe ngecakke mesthi bakal
cukup.
Karto, dhek isih ana S.D, S.M.P, sekolahe
ndalan bijine ya cukup. Ning bareng pindhah ana S.M.A dadi malih.
Kakehan kanca, sing senengane mung ubyang-ubyung. Bapak mbokne ora
jeleh-jeleh anggone ngandhani, ning Karto kanthi nylimpet-nylimpet isih
wae olehe ubyang-ubyung ora genah. Saking juweh lan tlatene anggone
nyurung-nyurung wong tuwane, sidane ujian S.M.A ne ya katut lulus,
senajan kanthi biji sing ngampret.
Seje karo Sardinah, dhasar bocah tuwajuh,
pethel, nurut karo wong tuwa, mula asil bijine ujian ya maremake, sasat
kabeh angka wolu. Mbokne bungah lan mongkok. Ning ya kuwi, senajan
Sardinah wis cemetha yen kepingin nerusake, ning mbokne kandha yen ora.
Wong kuliah mono ragade akeh, njur dhuwit saka ngendi? Yen mung mogol
neng tengah-tengah rak malah eman-eman mesakake lehe nglakoni. Dhasar
Sardinah bocah mbangun miturut, mula ya manut trima mothol S.M.A. Beda
karo Pak Dipo mbok Dipo olehe ngrih-arih Karto dikon kuliah, embok
menawa mengko bisa mergawe apa ta apa, syukur bisa dadi pagawe negri.
Piye wangsulane Karto? Jare pingin kawin
dhisik ben atine tenang, mengko njur kuliah. Mangka sing disir ora liya
ya Sardinah tanggane cedhak sing srawunge sasat saben ndina. Gandheng
wong tuwane padha cocoge, tur Sardinah ya manut mituhu karo mbokne, mula
bareng dilamar Pak Dipo kanggo Karto, ya njur entuk ngono wae. Malah
mung ganti sasi njur dinikahake. Kesaguhane kuliah, Karto mung ndobos,
wong dhasare utege kethul tambah keset pisan. Kesenengane dolan isih
kaya nalika jaka.
Tujune Pak Dipo lan bojone tresnane kepati karo mantune. Dhasare Sardinah pinter momong maratuwa. Dadi senajan dina-dinane Karto
mung lang-leng dolan sing ora juntrung, ning uripe Sardinah lan mbokne
tetep ayem tentrem disangga maratuwane. Pas setaun bebrayan pinaringan
momongan lair wadon ya Suwarni sing saiki wis dadi prawan cilik sing
sekolahe wis kelas telu S.M.P. Lan lair meneh wadon sing banjur
dijenengi Suwarti, saiki S.D klas loro. Sejatine Sardinah krasa yen
polahe sing lanang saya suwe saya ndadra.
Sardinah ya krungu saka tangga-tangga,
kejaba ubyang-ubyung dolan, ning Karto ya bojone kuwi sok melu umben
bocah enom-enom. Bab dhuwit, mesthi wae ya njaluk mbokne senajan cara
dhelik-dhelikan aja nganti ngerti Sardinah. Warni anake sing wis gedhe
kerep weruh bapakne ndhodhosi dhuwite mbahne lan banjur wadul marang
embokne. Saking kerepe, Sardinah wedi yen nganti diarani, mula niate
arep ngajar bojone ben gelem nyambut gawe. Bareng ing ndesane cah-cah
enom dha ndhaptarke dadi T.K.W. ing Malaysia, Sardinah mung rembugan
karo Warni lan embokne melu dhaftarake, pingin nyambut gawe sing gajine
jare kena dirasakake.
Endilalahe wae bocah sedesa papat kok katut
kabeh, klebu Sardinah. Ulehe kandha karo bojo lan maratuwane sa kloron,
bareng budhale ning Jakarta (ing papan pelatihan kerja) keri sepasar.
Sardinah kandha maratuwane, yen sasuwene dheweke nyambut gawe, mbokne
lan Warni wis mrantasi. Kepeksone Pak lan Mbok Dipo ya ngidini, merga
Warni kekarepane wis ora bisa dipenggak maneh. Ora wurung dening bapak
mbokne, ya mung Karto sing diomeli terus, dadi suhing keluarga kok emoh
nyambut gawe. Bisane mung nguthes-uthes dhuwit wong tuwane.
Nalika ditinggal lagi sesasi rong sasi ya
gelem rewang-rewang wong tuwa nggarap sawah, ning dhasar wong wegahan,
mula ya gampang wae jeleh, kesenengane lawas bali malah kepara ndadi,
awit bojone sing mbiyen tansah ngelokake saiki wis ora ana. Wong tuwane
wis ora digubris. Nalika lunga nyandhak patang sasi, Sardinah wis kirim
dhuwit Warni liwat pos, sing ya lumayan yen mung kanggo urip lan mbayar
S.P.P. sing wiwit mbokne lunga nunggak durung dibayar.
Karto ngerti, mula saiki ora mung mbokne
sing dadi sasaran yen butuh dhuwit, ning karo Warni anake ya tegel
nembung. Pokoke Karto saya sakarepe dhewe. Nalika Warni ngurus
layang-layang kanggo njupuk dhuwit kiriman saka mbokne ana kalurahan,
Warni didangu Pak Lurah blaka apa anane. Uga bab kahanane Karto bapakne.
Ngendikane Pak Lurah : ?Warni, sarehne omahmu mung mepet bale
kalurahan, apa gelem yen kowe ndak wenehi tugas nyapu njero pendhak esuk
sadurunge mangkat sekolah? Pendhak sasi mengko kowe ndak wenehi jajan.
Dene nyapu lan reresik njaba wis ditandangi Pak Truno (Pak Bone).? Barang
wis mikir-mikir sedhela Warni mangsuli : ?Inggih, Pak Lurah, kula
purun.? Pak Lurah mesem, banjur ngendika : ?Yen ngono, kowe ndak cekeli
kunci kanggo mbukak yen arep nyapu, kunci sijine wis digawa Pak Dhukuh,
kanggo mbukak yen wis jam kerja.?
Tekan
ngomah Warni kandha karo simbok lan adhine, kabeh setuju. Pokoke
gaweyan ngomah bareng-bareng ditandangi, kejaba Karto bapakne sing padha
disekarep. Wiwit iku Warni tambah nduwe tugas reresik njero ing kantor
bale Kalurahan. Ora beda karo Sardinah mbokne, anggone sregep, tawekel
ing samubarang gawe. Dhasar wis dilatih nyambut gawe wiwit cilik, mula
kabeh gaweyan dilakoni kanthi seneng. Lumakune wektu ora rinasa,
Sardinah nyambut gawe ana paran wis ngancik telung taun.
Saiki
Warni wis klas telu S.M.U. Dhuwit kiriman saka mbokne dicakke kanthi
ngati-ati, malah bapakne dijatah supaya ora tansah njaluki wae. Dene
sasen saka Pak Lurah ditabung, isih tambah turahan sithik-sithik saka
mbokne uga dilebokke pisan. Kabeh mau ndadekake Warni mundhak greget
sinau lan nyambut gawe, uga saya P.D karo apa sing ditindakake.
Mbah-mbahe padha seneng lan marem nduwe putu Warni. Adhine uga
dikulinakake dhisiplin lan mandhiri kanthi conto-conto gaweyan ing saben
ndinane.
Perkara
bapakne, kabeh wis ngejarke disekarep. Senajan adoh, weling sing arupa
pitutur lewat surat-surate mbokne yen karo kirim dhuwit tansah diestokke
dening Warni lan adhine. Kaya dene unen-unen kae tenan. Senajan adoh
papane antarane mbok lan anak, ning ing atine kekarone cedhak banget,
sing ndayani padha dene aweh daya kekuwatan anggone padha ngayah-ayahi
jejibahane. Sing sekolah ya tambah sregep sinau, ngelingi wong tuwane
sing nyambut gawe neng paran, dene sing neng paran ya tambah semangat
leha nyambut gawe.
Ngelingi
anak-anake sing padha ana ngomah padha maju sinaune merga saka
prihatine wong tuwa. Kosok balen karo Karto bapakne. Dhuwit saka anake
mung dienggo seneng-seneng dhewe, yen kurang nggedhak bapak utawa
embokne. Warni senajan ora kejarag neng wis krungu sriwing-sriwing, yen
bapakne anggone kerep ora mulih kuwi saiki katut babon. Mangka babon
kuwi wis nduwe jago, sing saiki lagi nyabut gawe neng Arab ngadu nasib.
Dhuwit ajeg dikirim mulih, ning sing wadon ya malah seneng-seneng karo
bapakne Warni kuwi.
Kabar
mau wis ubur, ning Warni emoh nyampuri urusane wong tuwa, dhasar
bapakne dikandhani mboke wae mbantah, biasane bapake njur malah nesu lan
mecahi bekakas. Babon sing diereki Karto mau ora liya Mbok Darwi, sing
mbiyen gaweyane adol gorengan ning saiki wis ora. Ya mung malah ngundher
neng ngomah didhekemi Pak Karto kuwi. Tangga teparone ya wis sok padha
nyindhir-nyindhir ning mbok Darwi ya teblek wae, dhasar rai gedheg.
Merga risi entuk wadulane tangga, Pak Dhukuh wis tau kandha : ?Mbok
Darwi, sampeyan niku biyen dodol gorengan, saniki kok malah nganggur,
rak mesakake Pak Ngali bojo sampeyan sing teng Arab ta? Direwangi bebara
teng njaban rangkah adol tenaga kok sing teng ngomah mung seneng-seneng
nganggur, mbok nggih nyambut gawe napa ta napa!?.
Mbok
Darwi mangsuli entheng : ?Pak Dhukuh, wong bojo kula mawon akon
kepenak, kok wong-wong niku dha iyik. Tikna jenengan rak disogoki
wong-wong niku ta??. Pak Dhukuh lunga karo kandha semu ngancam. ?Embok
Darwi, kula empun ngelingke sampeyan lho, mangkih nek masyarakat niku
nesu desane diregedi mang tanggung dhewe.? Mbok Darwi meneng wae. Saiki
nek kencan karo Karto kanthi ndhelik-ndhelik ora wani ngedheng, kerepe
wayah bengi.
Ngarepke
Warni ujian klas telu, mbokne ngabari yen entuk cuti rong minggu, niate
arep mulih, ning wektune durung bisa nemtokake. Dhuwit saka paran arep
ditransfer wae neng rekeninge Warni, supaya neng ndalan slamet, ora ana
rasa wedi yen, di grayak wong. Warni isih meneng wae karo wong ngomah,
merga dina lan tanggale mbokne bali durung mesthi.
Pancen,
samubarang kuwi yen ora dipikir, malah ora dadi beban penalaran. Kaya
dene Warni ora mikir mulihe mbokne. Ing wayah sore nalika Warni lagi
siram-siram latar, ndadak ana taxi mlebu pekarangan njur mandheg neng
latar. Warni kamitenggengen lehe nyawang. Bareng lawang taxi dibukak,
Warni mbengok sora : ?Mbah ? mbah? mbah ?dhenok, Warti ?gilo simbok
mulih !? Sing ana njero omah kabeh metu, banjur ngruyuk sing lagi teka.
Warni lan Warti ora lerem-lerem nggone ngambungi mbokne, sing saka
pangrasane saiki.
Mbokne
mundhak ayu lan putih, gek ya lemu pisan. Kabeh mlebu ngomah kono
nggawa gawan tas lan koper, mestine isi oleh-oleh. Lagi wae padha
lungguh karo crita ngethuprus, ndadak saka dalan ana mobil polisi
ngunekake sirene mlebu pekarangan. Wong saomah padha kaget. Let sedhela,
saka mobil patroli mau, ana polisi mudhun, uluk salam terus mlebu. Pak
lan mbok Dipo sing methukke. Pitakone polisi : ?Leres, pak, mriki
griyanipun Pak Karto ingkang semahipun wonten Malaysia??.
Gupuh
wangsulane Pak Dipo : ?Inggih, Pak Polisi, wonten punapa??. ?Anu, Pak,
nyaosi pirsa keluarganipun Pak Karto, menawi piyambakipun sapunika
wonten griya sakit, saking keluarga dipun aturi nuweni!?. ?Wonten
punapa, Pak, anak kula Karto??, pitakone mbok Dipo groyok. ?Anu ?. Keng
putra dipun kroyok masa, mergi slingkuh kaliyan tiyang estri ingkang
dipun tilar semahipun nyambut damel dhateng Arab, masa
mboten trimah?. Krungu kandhane polisi mau, Sardinah sing lagi wae teka
dhok, langsung jempling ngloso ana njogan. Sambate : ? Walah kang Karto ?
patrapmu kok saya ndadi, saiki malah kowe diajar wong akeh merga
pokalmu. Kowe kok ora welas karo aku ta kang ?.??
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar