Gusti Maha Welas
http://cerkak-jawa.com/?p=17
Wektune
wis kira-kira jam wolu esuk. Anggota perangkat desa ing Desa
Sumbermulya wis padha teka, apa maneh dina iku bakal ana rapat ruwat
bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi iku
dianakake pendak telung tahun sepisan. Warga kirap mubeng desa ngarak
wulu wetuning desa kono kanthi dientha-entha gunungan. Bubar iku sing
uwis, njur diterusake tontonan, sing paragane ya warga kono wae, kanthi
mentaske budaya seni sing wis padha disiapake. Mengko minangka panutup
wayangan sewengi natas ing bale desa.
Pak
lurah gumun, dene Pak Wiro sing tukang reresik bale, nata meja kursi
sing arep kanggo rapat kok malah ora mlebu. Gek ana apa? Mangka adat
saben, Pak Wiro tukang kebon kuwi teka mesthi gasik, gaweyan sing dadi jejibahane ditandangi
sak-sek, sedhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane.
Mula bareng perangkat desa wis pepak, lan rapat arep diwiwiti, pak lurah
medal neng pawon nggoleki bu lurah njur ngendika :
?Bu,
nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat,
mbok kana neng omahe Pak Wiro ditiliki, geneya kok ora teka nyambut
gawe?? Bu lurah sumaguh, lan terus tindak neng nggone Pak Wiro.
Tekan
kana omahe tinemu tutupan suwung. Gek dha menyang ngendi? Anake Pak
Wiro mono lanang wadon, Diran lan Marti. Diran wis ana STM klas II
Mesin, dene Marti lagi klas III SMP wis arep ujian. Bocah loro kuwi
padha maju sekolahe, ora tau nunggak. Mulih sekolah ya dha ngerti
ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran kerep nggenteni bapakne,
gaweyan reresik kebon lan nata bale sawise bubar kantor. Ora mokal yen
pak lurah sakulawarga remen karo anak-anake Pak Wiro sing padha sregep
lan nurut kuwi.
Bu
lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, njur tindak neng omah wetane nggone
Mbokdhe Kromo, sing kebeneran wonge lagi reresik sumur. Nuli ngendikane
:
?Mbok Kromo!, griyane Pak Wiro niku kok tutupan, tiyange sami teng pundi ?? Mbok Kromo ndengengek karo nyedhak mangsuli :
?O?
Bu Lurah, anu Bu, Pak Wiro niku ngeterke Mbok Wiro teng Puskesmas,
empun tigang dinten sambat mumet, malah wingi nggih empun kulo keroki.
Criyose Pak Wiro, wau dalu mboten saget tilem gek badane criyose benter
sanget. Mila wau mruput diboncengke sepeda dibekta teng Puskesmas.? Bu
lurah manthuk-manthuk karo ngendika :
?O…. ngoten ta Mbok Kromo, nuwun nggih disukani sumerep, mangkeh kula aturne Pak Lurah?.
Bubar
ngendika ngono bu lurah banjur kondur. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe
kaya adate, dene pak lurah sawise dilapuri garwane, ya ora ndangu
apa-apa karo Pak Wiro. Ning sorene pak lurah sekalihan merlokke tilik
neng omahe Pak Wiro, ngaruhke bojone sing jare lara.
Tenan,
tekan ngomahe Pak Wiro kabeh ngumpul nunggoni sing lara. Pak lurah
sekalihan uga banjur mlebu neng senthong peturone Mbok Wiro. Nalika wis
tekan ngarep lawang, ndadak keprungu lagi padha sembahyang Pak Wiro sing
mbawa. Pak lurah kandheg ora sida mlebu supaya ora ngganggu.
Panjenengane
pirsa, yen Pak Wiro sabrayat wong sing tumemen ngibadahe, sregep neng
nggreja, uripe neng masyarakat apik, lan tinresnan ing tangga teparo,
tansah pinter momong sok sopoa, lan ora tau gawe rugi lan serik ing
liyan. Bareng wis sepi tandha rampung anggone padha sembahyang, pak
lurah sekalihan banjur alon-alon mlebu nuli ngendikane :
?Piye Mbok Wiro, laramu??
?O
Pak… Bu…. Lurah, matur nuwun dipun rawuhi, sakit kul…. kula sam…..
sampun kath…… kathah sud……. sudanipun…….? Wangsulane pedhot-pedhot, Pak
Wiro sambung atur :
?Ngendikanipun Dokter, Pak Lurah, semah kula punika namung kekathahen mikir.?
?O….. mikir apa ta Mbok Wiro?? pandhangune pak lurah alon-alon.
?Anu
Pak Lurah…. dhenok Marti punika wingi criyos, yen piyambakipun mboten
kepareng ndherek ujian dhening guru klasipun, awit…. awit…..? Mbok Wiro
ora bisa nerusake matur, ning njur brebel……. mripate kekembeng luh.
Semono ugo Marti sing nyanthuk nunggoni njur melu prembik-prembik nrocos
mripate. Pak lurah lan garwane saya kepingin banget ngerti sebabe. Nuli
ngendikane bu lurah :
?Yu
Wiro…! wis ta blaka wae neng Pak Lurah lan aku, supaya atimu entheng
lan laramu gelis mari.? Pangatake bu lurah. Mbok Wiro mung srikutan
tangane ngulapi luhe, panyawange diuncalake marang Marti anake sing ana
ing sisihe. Bu Lurah tanggap, yen Mbok Wiro ewuh anggone arep matur,
mula pak lurah sekalihan banjur ngajak metu Marti neng ngomah ngarep.
Bareng Marti wis didhawuhi lungguh ing lincak, pak lan bu lurah njejeri
Marti neng kiwa tengene karo ndangu :
?Sejatine
Mbokmu kuwi mikir apa ta Ti, kowe kondhoa blaka, mengko yen bisa aku
lan Bu Lurah mesthi bakal ngrewangi ngentheng-enthengke.? Marti isih
meneng wae ketok yen wedi. Ning gandheng karo bu lurah didhedhes terus,
mula karo nangis ature :
?Pak
Lurah… Bu Lurah….., Simbok sisah margi kula mboten angsal ndherek ujian
awit dereng mbayar arta SPP kawan wulan, lan arta ujian ingkang
kathahipun sedaya wonten kawan atus pitung ndasa ewu rupiyah.? Ature
Marti karo kesesegen.
?Wis……
wis….. wis…. Marti, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara, kowe sesuk tak
cukupi, mlebua sekolah ngaturke dhuwit kuwi neng gurumu.?
?Ning
Pak…….. Bu Lurah….. criyosipun Simbok, sampun kathah sambutanipun
Simbok dhateng Bu lurah, ingkang sepriki dereng saget ngunduraken. Mila
Simbok ajrih matur, sajakipun Simbok kejudhegan. Kula ngertos Pak… Bu….,
menawi dalu Simbok mboten saget tilem, tansah klisikan. Lan wusananipun
lajeng sakit punika.?
?Wis….
wis….. Bune, ayo saiki awake dhewe nyedhak Mbok Wiro karo Marti pisan,
mengko tak kandha.? Ngendikane pak lurah karo nggandheng sing putri lan
Marti bali mlebu neng peturone Mbok Wiro. Pak lurah karo garwane nyedhak
njur ngendika karo Mbok Wiro ngene :
?Mbok
Wiro, sampeyan ora sah susah, sesuk esuk Marti ben mlebu sekolah karo
nyaoske dhuwit SPP sing patang sasi kuwi karo dhuwit ujian, supaya
mbesuk bisa ujian. Kuwi dudu dhuwit utangan sing sampeyan kudu nyaur,
ning tak paringke Marti supaya bisa melu ujian.? Rampung ngendikane pak
lurah bu lurah sambung :
?Yu
Wiro, utangmu neng aku sing mung mbaka sithik kanggo tambal butuh kuwi,
ora usah mbok saur. Aku rila lahir batin. Saiki pikiran sampeyan digawa
ayem ben enggal waras. Perlune yen ana kerepotanku, sampeyan, Kang
Wiro, lan bocah-bocah bisa bareng-bareng ngrewangi.? Bubar ngendika
ngono, pak lurah sekalihan nyalami Mbok Wiro, Pak Wiro lan Marti banjur
pamit kondur. Pak Wiro lan Marti nguntapke tekan latar. Nalika bali
mlebu, Mbok Wiro wis bisa lungguh, weruh anake mlebu, tangane
diathungake Marti, dene Marti ya njur nubruk mbokne.
Kekarone
rangkulan keket karo tetangisan disekseni Pak Wiro sing lungguh
dheleg-dheleg neng waton amben. Tangis kabungahan sing tanpa upama.
Sawise padha adheng tangise, Mbok Wiro isih karo ngrangkul Marti kandha:
?Nok
Marti lan kowe Bapakmu, tikel-tikelna olehmu caos atur panuwun marang
Gusti, syukur ing kabeh peparinge, lan uga dene Gusti tansah midhangetke
panyuwunanku, anggonku tansah dhedheku, ing ngarsa dalem.? Karo isih
nggondhok-ondhok wangsulane Pak Wiro :
?Iya
mbokne, mula dadi wong mono aja sumelangan, janji eling tansah ndedonga
nyuwun lan mbudidaya, Gusti tansah bakal paring pitulungan.? Marti
sambung :
?Iya ya Pak… Mbok….., Gusti olehe peparing lumantar Pak…. lan Bu Lurah.? Pak Wiro ngedhongi kandhane anake :
?Iya nok, Gusti kuwi pancen Maha Welas lan Asih.? Bubar iku wong telu sembahyang mirunggan bebarengan.
Tamat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar