Menjangan sing Ngilo ing Banyu
Ana Menjangan ngilo ing banyu sing
bening banyune, nematake awake saka sungu nganti sikil.
Omonge kaya mangkene,”Aku iki kewan
sing becik rupane. Ora ana sing isoh nandhingi rupaku.
Sunguku kuwat lan gagah, kayata alas
tak sunggi dewe.
Nanging deloka sikilku papat iki,
cilik tur ringkih tanpa kekuwatan.
Ngisin-isini temen, kenangapa Gusti
maringi sikil kang gawe kuciwane ati kaya mangkene.”
Karo ngomong kaya mangkono, Menjangan
krungu macan padha mlayu nyedhak.
Menjangan kaget banget, banjur mlayu
nglumpati rawa mlebu alas.
Saking cepete anggone mlayu, kaya ora
ngambah lemah.
Nanging ora antarane suwe, sungune
kagubet oyod-oyodan dadi ora bias mlayu maneh.
Macan pada nubruk Menjangan kang sing
kagubet oyod iki mau.
Menjangan gela banget karo nangis,
”Dhuh Gusti, saiki aku ngerti,
sikilku sing tak cacat isoh nulungi aku saka bebaya,
nanging sungu sing tak alem-alem
malah nyilakake aku.”
Senenga ngucap sokur marang Gusti
Alloh, amarga awake dhewe wis diparingi awak lengkap lan apik kaya mangkene.
Gusti Alloh nyiptakake apa bae iku wis paling apik kanggo awake dhewe, ukurane
ya wis pas miturut kabutuhane. Dadi, wis mesthi luput menawa ana sing njaluk
luwih saka sing paling becik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar