Macan lan Wayangane
Ing sawijining dina, ana Macan mlayu
nggondhol daging.
Playune tekan kali sing banyune
bening banget.
Macan banjur leren sawetara karo
mlaku ngliwati kali ndeleng nyang ngisor.
Weruh wayangane dewe ana ing banyu,
Macan kaya weruh Macan liya ngrebut
daginge.
Banjur nubruk wayangane dhewe nyegur
ing kali.
Saking kagete bar nubruk banyu, Macan
ora entuk apa-apa.
Malah dheweke kelangan daging kang
digondhol mau merga keli ing kali.
Macan iku mau sejatine mung waspada,
nanging luwih becik menawa seneng bebagen. Daging kang keli iku mau malah bisa
dipangan bareng-bareng karo kancane. Macan bisa duwe kanca akeh menawa seneng
bebagen, padha karo awake dhewe. Yen awake dhewe seneng bebagen, apa wae,
mesthi awake dhewe akeh kancane. Mula, senenga bebagen ben kanca seneng karo
awake dhewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar