Macan Lan
Manuk Gagak
Ing sawijining dina, ana macan mlaku turut
pinggir kali.
Dheweke luwe banget ,kepingin mangan
enak.
Karo ngendhus-endhus golek pangan,
banjur weruh ana manuk gagak mencok ing pang.
Manuk gagak kuwi nggondhol daging.
“Daging kae mesthi enak banget!
Gagak entuk saka endi daging kaya
ngono enake.” mengkono ing jero batine macan.
Macan banjur nyedhaki uwit sing
dienggo mencok manuk gagak iki mau karo nggrenyem,
”Yen daging kae ora dadi mangsaku,
dudu macan aranku.”
Karo ngatur strategi, macan mlaku
alon-alon nyedhaki uwit.
“Bagus banget manuk iki, wulune apik,
irenge kinclong, gumunku ngudubillah.
Aku kok urung tau tumon manuk kaya
ngono iku becike.
Sajake ora ana manuk ngungkuli apike,
endah unine mesthi yo uapik.”
Krungu tembung kaya mangkono manuk
gagak mongkog atine,
banjur pamer swarane kang dialem
macan mau.
Bareng muni, daging sing digondhol
mau tiba.
Banjur diplayoni macan, manuk gagak gela
banget.
Merga iku, aja seneng dilem dening
liyan. Mbok menawa sing ngelem nduweni kepenginan sing ora becik. Sipat gampang
mongkog utawa gumedhe iku ya ora becik, mangka dadia bocah sing andhap asor.
http://niamoon.blogspot.com/2012/06/fabel-versi-bahasa-jawa.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar